BAKAL DADI APA


Terbebas dari belenggu
Sumber: http://ahmadbukhori.com


Apa dadine ?
Nalika kabeh kabungkemake
Netra dipacuh deleng
Lathi dipacuh ngomong
Talingan dipacuh ngrungokake
Asta kabanda tosan
Suku kapasung
Kaya-kaya awak iki robot
Robot kang tanpa nyawa
Sing bisa diatur-atur
Kalakokake sakarsane dhewe
Awak iki dipilara
Sangsaya suwe saya rekasa
Nanging
Pejabat sangsaya kaya dewa
Dewa kang bisa ngatur alam donya
Sangsaya perkasa
Kwawa
Aku manungsa ora ngerti apa-apa
Mung bisa manut
 karo dawuhe dewa
kaya-kaya awak iki budhak
kang kudu nyembah marang dewa
manungsa ing donya
sadrema mung kanggo pelengkaping dewa

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama