AGAMA


google.com
Manungsa 
Sangsaya  suwe sangsaya ora tumata
Tindak-tanduke 
Sifate
Lan liya-liyane
Ana rong golongan kang bisa ngerusak agama
Mimba-mimba ninggalna donya
Lan ngelakoni kang ora bener
Atas namaning agama
Ngakune ninggalna donya
Nanging rakus karo bandha donya
Senengane bid’ah-bid’ahna
Ngafir-ngafirna
Masiq-masiqna marang wong liya
Kaya-kaya awake dhewe kang paling bener
Agama saiki kaya dene wujud
 kang tanpa nyawa
nganti-nganti manungsa ora bisa bedakake
antaraning napsu lan semangat agama
agama iku madhangi
ora malaah nyengiti
agama iku ngajak-ngajak
ora malah nyepak
agama iku kawelasan
ora malah penindhesan
agama iku ora mung ngomongake Allahu Akbar
Ana ing pinggir dalan
Akeh wong cidra
Amarga tampilane wong kang kaya ulama
Nanging 
Perilakune adoh saka agama
Aja mung didelok saka jenggote
Klambi dawa kang tumeka ing sikile
Allahu Akbare
Nanging
Delok saka tindak-tanduke
Agama kang bener yaiku
Agama kang dadi pepadhang
Lan kang dhidhik
Ing dalan kang becik
Mula agama kang bener 
Bisa gawe seneng manungsa
Nanging manungsa bisa uga dadi cilaka
Yen dheweke nganti ninggalake agama

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama