Nalika naba murka
Ora bisa netesake tirta
Blandhong-blandhong brastha
Wit-wit padha musna
Buntala uga seda
Ora bisa nyukulake apa-apa
Segarane uga wis ora tumata
Penguripane padha sirna
Bakal muncul salah sijining mangsa
Mangsa paceklik
: mangsa larang pangan
Bahu reksa sangsaya kuasa
Nanging wong mlarat sangsaya rekasa
Moral sangsaya ora katata
Ngalalake kabeh cara
Supaya ora musna
Ana ing bawana
kaanggit dening santri Dampo Awang
(Aris/Rayon Bahasa dan Seni)