![]() |
Isih katon cetha ing pikiranku
Kitab kuning kang dadi kekancan
Ing saben dinaku
Saka safinatun najah nganti mabadiul fiqhiyah
Saka kebet jurumiyah nganti nadhoman alfiyah
Qurrotul ‘uyun uga tau kumathil ana ing pikiranku
Aku ora bakal lali ana ing wektu iku
Nalika aku lan kanca-kanca turu disiram banyu
Amarga digugah pengurus ora enggal tangi
Malah kepenaken ngipi
Saperlu kanggo qiyamul laili
Nalika tholabul ilmu padha rerebutan
Saperlu ngantri mangan
Nalika santri padha ngantri
Saperlu adus ngresiki awak iki
Nalika santri padha kena takziran
Takziran gundhul ntek-ntekan
Nalika kamar kebak santri mangan jajan
Amarga ana santri kang disambang
Seragam pondok lan kopyah ireng
Kang dadi ciri kas santri
Saperlu kanggo ngaji lan pengajian kalih abah yai
Kang ora bakal ilang ana ing ati iki
Ilmu nahwu shorof uga dadi kekancan
Kang kudu dingerteni
Ana ing gubug iki
Gubug kang kanggo didik para santri
Kanggo ngaos kalih abah yai
Gubug kang bisa dadikake gatut kaca kang kwawa
Gatut kaca kang perkasa
Gatut kaca kang bisa urip ana ing alam donya
Akeh ilmu kang daktompo
Akeh pengalaman kang daktrima
Kabeh kuwi dadi guru
Ana ing panguripan kang nyata
Ora mung semana
Akeh uga tuturan kang dakeling saben dina
Aku percaya nama santri
Muncul lan ora bakal ilang
Ana ing saben dongamu
Mugaha aku bisa dadi santri
Kang bisa entuk ridhomu
Dadi santri kang dadi kekarepanmu
Abah Yaiku
(Aris BA, seorang musafir ilmu dari tanah Dampo Awang/ A)
Tags:
Puisi
