dening Aris Bahtiar Aziz
Sekala lathi iki blangkemen
Ngerti praupanmu kang cumlorot
: padhange candra lan kartika
Praupanmu gambarake kauripan kang ayem tentrem
Lathimu abang apel kang manis
Mripatmu kayata sinare bulan purnama
Pipimu kayata bakpaw
: mlenok, putih, resik, sarta, alus
Alismu yaiku cakrawala kang abirupa
Lan irungmu gambarake pelengkap kauripan
: kauripan ana ing masa depan kita
Nanging kabeh mau bisa sirna
Nalika tata kramamu marang wong liya
ora kareksa lan musna